https://www.box.com/s/bb4rmtecvqedbsjivr94

Jumat, 25 September 2015

                                                                     Plesiran ke Bali

          
                            Cerkak Plesiran ke Bali Bahasa Jawa Ngoko



Kabeh wong sak dunyo tumpek blek ning Bali pas musim liburan. Aku jane heran opo seh apik ke Bali kok akeh sing ngunjungi. Delalahe, pas prei semesteran wingi ibu ngajak ning Denpasar. Tumbek ibu ngajak lungo adoh. Kok Denpasar, biasane aku dijak mung ning pasar!

Tibae ana sederek ning Denpasar sing rep rabi. Dadi iki ceritane ana gawe mantu gone paklik. Wah, kok yo pas wayahe preian semesteran. Pas ning Denpasar, roso penasaranku karo Bali iso kejawab. Ngopo Pulau Dewata dadi tujuan wisata menungso ing jagat iki.

Mabur numpak Lion air soko Jogja, mendarat ning Ngurah Rai kiro-kiro sejam waktune ing perjalanan. Langsung aku kaliyan ibu bapak lan mas mbak menuju ke daerah Legian, omahe paklik. Leren diluk juk aku pamit ameh mlaku-mlaku. Ibu takon, “koe wani le?” wah, nyepelekke ki ibukku.

Menyusuri dalanan Legian rame banget. Akeh wong bule mung gae kaos singlet mlaku mlaku. Por akademen batinku. Ah paling iki lagi tren. Sesuk aku tak gae singlet thok yen pas mlaku rene. Aku mbatin ngono. Ngulon titik juka aku ning Kuta. Pantaine apik banget. Ora salah wong bule seneng mrene.

Eh ora kroso wes sore. Delalahe aku meh balik kok lali dalan. Untunge gawa hp juk telepon ibuk. Wah ibuk kok yo ra selo takon methuk. Disaranke aku kon naksi. Oke aku naksi wae. Tibae mung entek 25 ewu tekan omahe paklik. Padahal jarake lumayan adoh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar