https://www.box.com/s/bb4rmtecvqedbsjivr94

Jumat, 25 September 2015


Tresno Pengalaman Pribadi Jatuh Cinta


                               Cerkak Bahasa Jawa Tresno Pengalaman Pribadi Jatuh Cinta 

Aku due kanca jenenge Santi. Dekke omahe ngarepe omahku, saben budal sekolah musti bareng karo aku. Santi wonge lucu, ayu, tur gemeske. Ora mung ngono thok, wonge yo pinter ning sekolah. Santi musti oleh rangking minimal limo besar. Aku dewe iso mlebu sepuluh wae wes sokor.Goro-goro Santi, aku nulis  iki. Ngopo? Koyone aku tresno karo dekke. La pie neh, angger budal muleh sekolah bareng, eh ning kelas lingguhku yo mung mburine. Pie iki, la kok koyo ning omah malahan. Omah jejeran, lingguh ning kelas yo jejeran (ngarep mburi).

Aku mikir, opo iki sing jenenge tresno, opo iki jenenge sing arane soko kulino, embuh pener opo ora. Sing jelas, uwes rong taon aku karo Santi nandi-nandi bareng. Ora mung budal muleh sekolah nanging juga pas dolan, sinau kelompok, opo sekadar iseng wae.

Bapak ibuke Santi apkikan karo aku. Bapak ibuku yo apkikan karo Santi. La wong mereka ki kanca ket cilik. Jenenge wae wong ndeso, ket cilik ning kene ora tau pindah. Dadi aku, santi, wongtuwaku, wongtuwane Santi malah koyo seduluran.

Pengene seh aku dadi wong sing penting ning atine Santi. Tapi aku sadar yen isih cilik, kudu mikir sekolah, sinau, urip isik dowo. Rasah mikir reno reno sinau wae.iki buktine. Okelah aku tresno karo Santi. Tapi wes cukup iku thok wae. Tetep nomer siji sinau men pinter. Amin
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar